Wong Pamona

Suku Pamona ing Kabupatèn Poso

Suku Pamona, utawi asring dipunsebut ugi Suku Poso utawi Tiyang poso, dumunung ing sapérangan ageng wewengkon kabupatèn Poso, sapérangan wewengkon Kabupatèn Tojo Una-Una, sapérangan ing wewengkon Kabupatèn Morowali, ugi wonten ing provinsi Sulawesi Kidul inggih punika ing wewengkon Luwu Timur, déné sapérangan alit sami ngrantau ing laladan Indonésia. Nenek Moyang Suku Pamona piyambak asalipun saking dataran SaluMoge (luwu Timur) ingkang amargi dumunung ing nginggil gunung ingkang tebih saking punjer papréntahan saéngga dipunandhapaken déning Macoa Bawalipu nyelaki punjer papréntahan inggih punika ing sakitaran wewengkon Mangkutana (luwu Timur).[1] Dumugi kadadosanipun pemberontakan DI/TII suku punika nyebar dumugi sulawesi tengah lan laladan sanèsipun. Manawi ing sawijnining laladan wonten suku Pamona, limrahipun pesthi wonten Rukun Poso, inggih punika wadhah perkumpulan tiyang-tiyang satunggal suku saperlu nindakaken sawijining kagiyatan ing laladan mau. Agama ingkang dipunanut sapérangan ageng anggota suku punika inggih agama Kristen. Agama Kristen mlebet laladan antawis 100 taun kapungkur lan dumugi sapunika dipuntampi minangka agama rakyat. Sapunika sadaya gréja-gréja ingkang satunggal ilèn kaliyan gréja punika wonten ing sangandhapipun organisasi Gréja Kristen Sulawesi Tengah (GKST) ingkang pusatipun ing Tentena, kabupatèn Poso, Sulawesi Tengah. Sapérangan ageng masarakat saben dinten migunakaken basa Pamona (Bare'e) lan basa Indonésia kanthi gaya basa setempat. Suku punika pakaryanipun dados tani, punggawa nagari, pendheta, wiraswasta, lan sanès-sanèsipun.[2]

  1. [1]
  2. [2][pranala mati permanèn]

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy